1 Iki ijoane layang kang dikirimake dening Nabi Yeremia saka ing Yerusalem marang para sepuh-sepuh kang padha kabuwang, marang para imam, para nabi lan sakehing wong kang kabuwang dening Sang Prabu Nebukadnezar saka ing Yerusalem menyang ing Babil.
2 Iku kelakone sawise Sang Prabu Yekhonya dalah kang ibu Prameswari tedhak menyang ing sajabaning Yerusalem, kadherekake para abdi dalem kraton, para panggedhe Yehuda lan Yerusalem, apadene para tukang lan pandhe.
3 Layang iki dikirimake lumantar Elasa bin Safan lan Gemarya bin Hilkia, kang diutus dening Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda, menyang Babil, menyang ing ngarsane Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil. Surasane:
4 “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Allahe Israel, marang wong buwangan kabeh, kang diangkatake menyang ing pambuwangan saka Yerusalem menyang Babil.
5 Sira padha ngadegna omah lan sira enggonana, sira gawea pakebonan, kang kena sira pangan pametune.