11 Awit Ingsun iki nguningani rancanganingSun tumrap sira, yaiku: rancangan tentrem rahayu lan dudu rancangan bilai, yaiku supaya sira kebak pangarep-arep kang becik tumrap ing besuke, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.
12 Lan samangsa sira sesambat lan sowan kanthi panyuwun marang Ingsun, Ingsun iya bakal nyembadani panyuwunira iku.
13 Samangsa sira ngupaya marang Ingsun, bakal ketemu lawan Ingsun; manawa sira nakokake marang Ingsun kalawan gumolonging atinira,
14 Ingsun bakal marengake sira ketemu kalawan Ingsun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, lan Ingsun bakal mulihake kaananira lan ngempalake sira saka ing antarane para bangsa lan saka sadhengaha panggonan anggoningSun mbuyarake sira, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- lan Ingsun bakal ngulihake sira menyang ing panggonan, saka nggoningSun mbucal sira.
15 Pancen pangucapira: Sang Yehuwah wus ngangkat para nabi kanggo aku kabeh ana ing Babil.
16 Lah mangkene pangandikane Sang Yehuwah bab ratu kang lenggah ing dhampare Sang Prabu Dawud lan sakehing rakyat kang manggon ana ing kutha iki, yaiku para sadulurmu kang ora katut digawa metu menyang pambuwangan.
17 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi: Lah Ingsun bakal ngintunake pedhang, pailan lan pageblug ana ing tengahe lan Ingsun bakal ndadekake wong iku kaya woh anjir kang bosok, kang marga saka eleke nganti ora kena dipangan.