3 Layang iki dikirimake lumantar Elasa bin Safan lan Gemarya bin Hilkia, kang diutus dening Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda, menyang Babil, menyang ing ngarsane Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil. Surasane:
4 “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Allahe Israel, marang wong buwangan kabeh, kang diangkatake menyang ing pambuwangan saka Yerusalem menyang Babil.
5 Sira padha ngadegna omah lan sira enggonana, sira gawea pakebonan, kang kena sira pangan pametune.
6 Padha omah-omaha supaya duwea anak lanang lan wadon; anakira lanang padha rabekna, anakira wadon, omah-omahna, supaya padha duwe anak lanang lan wadon, supaya sira ana ing kana tangkar-tumangkara, lan aja nganti suda!
7 Padha ngudia marang karaharjaning kutha, ing ngendi parane anggoningSun mbucal sira, sarta ndongakna kutha-kutha iku marang Sang Yehuwah, amarga tata-tentreming kutha iku uga dadi karaharjanira dhewe.
8 Sanyata, mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Sira aja gelem diapusi dening para nabinira, kang ana ing tengahira, apadene dening para juru petungira, lan aja nggugu marang impen, kang diimpekake!
9 Amarga para wong iku padha meca dora marang sira atas asmaningSun. Ingsun ora ngutus para wong iku. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.