19 Maune Ingsun kagungan panggalih:“Satemene Ingsun arsa mrenahake sira ana ing tengah-tengahing para putraningSunlan maringi sira tanah kang endah,tanah pusaka kang endah dhewe saka para bangsa.PanggalihingSun: sira bakal nyebut Ingsun: Rama kawula,lan ora bakal ninggal marang Ingsun.
20 Nanging sajatine sira padha ora setya marang Ingsunkaya wong wadon kang ora setya marang rowange,mangkono uga sira padha ora setya marang Ingsun,he turune Israel, --mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --
21 Rungokna! Ing tengger-tengger kang gundhulkeprungu tangis pasambate anak-anake Israel,amarga padha milih dalan kang nasar,lan wus padha lali marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe.
22 He bocah-bocah kang murtad, padha balia,Ingsun bakal marekake pamurtadira.”“Lah punika kawula, kawula sami sowan ing ngarsa Paduka,amargi Paduka punika Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula.
23 Sanyatane tengger-tengger pangurbanan iku mung apus-apus,yaiku kramean ing tengger-tengger iku!Sanyatane, mung Sang Yehuwah, Gusti Allah kita,kang ngasta kaslametane Israel.
24 Nanging brahala kang mirangake iku nguntalsakehing rekasane para leluhur kita wiwit nom-noman kita;wedhuse lan wedhus-gembele, sarta sapi-sapine,para anak-anake lanang lan wadon.