1 Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia:
2 “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel: Sakehe pangandika kang Sundhawuhake marang sira iku tulisen ana ing buku.
3 Sabab lah, bakal tumeka ing wektune, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, Ingsun bakal mulihake kaanane umatingSun Israel lan Yehuda -- pangandikane Sang Yehuwah -- lan Ingsun bakal mbalekake para wong iku menyang ing tanah kang wus Sunparingake marang para leluhure lan bakal ndarbeni iku.”
4 Iki pangandikane kang didhawuhake dening Sang Yehuwah bab Israel lan Yehuda:
5 “Lah, Ingsun wus padha miyarsa,panjerit marga saka wedi,pagiris lan ora ana katentreman,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.
6 Coba takona lan titipriksanen,apa ana wong lanang kang nglairake anak?Geneya Sunpirsani sadhengah wong lanangnumpangake tangane ing lambunge kaya patrape wong wadon, kang nglarani?Geneya polatane padha katon pucet?