16 Nanging kabeh kang nguntal sira, bakal kauntal dhewe,lan sakehing satrunira bakal padha lumebu ing tawanan;wong kang ngrayah sira, bakal padha dadi rayahan,lan sakehing wong kang njarah sira bakal padha Sundadekake jarahan.
17 Amarga Ingsun bakal maluyakake sira,Ingsun bakal ngusadani memalanira,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --,amarga wong iku padha ngarani sira wong buwangan,yaiku kekarene kang ora ana kang nakokake babar pisan.
18 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Lah, Ingsun bakal mulihake kaanane tarub-tarube Yakub,lan melasi papan-papan panggonane;kutha iku bakal dibangun maneh ana ing sadhuwure jugrugane,lan kratone bakal ngadeg ana ing panggonane lawas.
19 Kidung panuwun bakal keprungu ana ing satengahe,uga swarane wong sukarena,Ingsun bakal ndadekake tangkar-tumangkar,lan ora bakal suda maneh.Ingsun bakal ndadekake wong iku padha linuhurakelan ora disepelekake maneh!
20 Anak-anake bakal dadi padha kaya biyen,lan pasamuwane bakal tetep lestari ana ing ngarsaningSun.Ingsun bakal ngukum sakehing wong kang padha meres.
21 Wong kang ngereh bakal jumedhul saka ing antarane wong-wong iku dhewelan wong kang ngwasani bakal muncul saka ing tengahe;Ingsun bakal damel bisa seba wong iku,lan cedhak kalawan Ingsun.Amarga sapa kang wani ngetohake nyawanesupaya cedhak kalawan Ingsun?Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
22 Dene sira bakal dadi umatingSunlan Ingsun dadi Allahira.”