7 Adhuh, iba ta anggone nggegirisi dina iku,ora ana tandhinge;iku dina karubedan tumrap Yakub,nanging bakal linuwaran.
8 Ing dina iku, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi --, Ingsun bakal mutung pasangane saka ing gulune wong-wong iku lan medhoti tali-taline kang ningseti lan wong iku bakal ora padha ngawula maneh marang wong ngamanca.
9 Wong iku bakal padha ngabdi marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe lan marang Dawud, ratune kang bakal Sunjumenengake.
10 He abdiningSun Yakub, sira aja wedi,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --,he Israel, sira aja miris!Amarga, lah Ingsun ngluwari sira saka ing panggonan adoh,lan turunira saka ing nagaraning pambuwangan.Yakub bakal mulih lan uripe bakal jenjem lan tentram,ora ana kang ngeget-egeti.
11 Amarga Ingsun nunggil klawan sira,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --,prelu mitulungi sira.Sakehing bangsa kang Sunpasrahi sira ana ing satengahe,iku bakal Sunsirnakake,nanging sira ora bakal Suntumpes tapis.Ingsun bakal nggebagi sira wewaton angger-angger,nanging Ingsun babar pisan ora nganggep sira tanpa kaluputan.
12 Sanyata, mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Laranira wus banget,tatunira ora bisa ditambani!
13 Ora ana kang mbelani wewenangira,ora ana tambane wudunira,sira ora bakal bisa mari!