1 “Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Ing wektu iku Ingsun bakal dadi Allahe sakehing kulawarga trah Israel lan iku kabeh bakal dadi umatingSun.
2 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Kekarening bangsa kang kalis ing pedhang oleh sihpiwelas ana ing ara-ara samun!Israel lunga ngupaya katentremane!
3 Sang Yehuwah ngatingali aku saka ing kadohan, pangandikane:Ingsun ngasihi sira klawan katresnan kang langgeng,mulane Ingsun nglestarekake sih-susetyaningSun marang sira.
4 Ingsun bakal mbangun sira maneh,temah sira binangun,he putri Israel!Sira bakal ngrerengga awakira maneh kinanthen trebang,lan metu kalawan jejogedan asukarena.
5 Sira bakal gawe kebon anggur manehana ing pagunungan Samaria;dene para wong kang padha gawe ikubakal ngundhuh pametune uga.
6 Lah bakal tumeka ing titi-mangsanepara wong kang jaga bakal padha nguwuh-uwuh ana ing pagunungan Efraim:Payo, padha munggah menyang ing Sionsowan ing ngarsane Sang Yehuwah, Gusti Allah kita!
7 Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Padha surak-suraka tumrap Yakub klawan sukarena,bungah-bungaha ing bab panggedhening para bangsa!Wartakna, memujia lan kandhakna:Sang Yehuwah wus mitulungi umate,yaiku kekarene Israel!