Yeremia 31:13-19 JAV

13 Ing wektu iku prawan-prawan padha seneng-senengjejogedan asukarenawong anom lan wong tuwa bakal padha sumyak-sumyak.Ingsun bakal nyantuni rudatine dadi kabungahan,nglipur lan mbungahake wong-wong ikusawise padha nandhang prihatin.

14 Ingsun bakal maregi nyawane para imam kalawan kaluberan,umatingSun bakal Sunwaregi kalawan kamirahaningSun.Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

15 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Rongokna! Ing Rama keprungu swaraning tangis,tangis kang ngeres-eresi.Rakhel nangisi anak-anake,lumuh linipur jalaran saka anak-anake,amarga wus padha ora ana maneh.

16 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Ampeten anggonira nangis,lan ampeten dlewering luh saka ing mripatira,amarga tumrap kangelanira ana ganjarane,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --,anak-anakira bakal mulihsaka ing nagaraning mungsuh.

17 Isih ana pangarep-arep tumrap ing besuk kanggo sira,anak-anakira bakal mulih menyang ing tlatahe dhewe,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.

18 Ingsun wus miyarsa temenan panangise Efraim:Paduka sampun ngrangket kawula,saha kawula sampun nampeni pangrangket punika,kados pedhet ingkang boten linatih.Kawula mugi Paduka wangsulaken,supados kawula mratobat,amargi Paduka punika Sang Yehuwah,Gusti Allah kawula.

19 Sayektos, sareng kawula mratobat,kawula getun,sareng kawula ngretos menggah badan kawula piyambak,kawula ceblek-ceblek cethik kawula,minangka pratandhaning prihatos,kawula rumaos isin lan wirang,amargi kawula nandhang kanisthaning wekdal nem-neman kawula.