Yeremia 31:18-24 JAV

18 Ingsun wus miyarsa temenan panangise Efraim:Paduka sampun ngrangket kawula,saha kawula sampun nampeni pangrangket punika,kados pedhet ingkang boten linatih.Kawula mugi Paduka wangsulaken,supados kawula mratobat,amargi Paduka punika Sang Yehuwah,Gusti Allah kawula.

19 Sayektos, sareng kawula mratobat,kawula getun,sareng kawula ngretos menggah badan kawula piyambak,kawula ceblek-ceblek cethik kawula,minangka pratandhaning prihatos,kawula rumaos isin lan wirang,amargi kawula nandhang kanisthaning wekdal nem-neman kawula.

20 Apa Efraim iku dudu putraningSun kang kinasihutawa bocah klangenaningSun?Sabab samangsa Sunwelehake,Ingsun tansah kengetan marang dheweke,marga saka iku panggalihingSun trenyuh,ora kena ora Ingsun mesthi bakal paring piwelas.Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

21 Sira ngadegna tugu-tugu ing ratan kanggo sira,lan masanga tandha-tandha dalan,waspadakna dalan gedhe kang temenan,yaiku dalan kang wus sira liwati!Balia, he para kenya Israel,balia menyang ing kutha-kuthanira kene!

22 He bocah wadon kang wangkot,isih pira suwene anggonira monga-mangu?Amarga Sang Yehuwah nitahake kang anyar ana ing bumi:wong wadon ngrangkul wong lanang.”

23 Pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel, mangkene: “Samangsa Ingsun wus mulihake kaanane para wong iku, wong bakal ngucapake tetembungan iki maneh ana ing tanah Yehuda lan ing kutha-kuthane:He papan panggonaning kabeneran,he gunung kang suci,Sang Yehuwah muga mberkahana sira!

24 Yehuda dalah sakabehe kutha-kuthane bakal tetep lestari ana ing prenahe, apadene para wong tani, para kang nglembara klawan pepanthaning kewane.