28 Kayadene ing maune Ingsun cepak-cepak nedya mbedhol lan ngebrukake para wong iku, supaya bubrah, rusak lan cilaka, kaya mangkono uga Ingsun karsa mbangun lan nenanem. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
29 Ing wektu iku bakal ora ana wong kang ngucap maneh:Para bapa padha mangan woh mentah,anak-anake padha linu untune,
30 nanging: Saben wong bakal mati marga saka durakane dhewe; saben wong kang mangan woh mentah, untune dadi linu.
31 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah bakal tumeka ing titi-mangsane, Ingsun bakal damel prajanjian anyar karo wong Israel lan Yehuda,
32 ora kaya prajanjian kang Sundamel karo leluhure, nalika Ingsun nganthi tangane, ing wektu ngentasake para wong iku saka ing tanah Mesir; prajanjian iku wus diselaki; sanadyan Ingsun jumeneng Gusti, kang nguwasani wong-wong iku, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.
33 Nanging prajanjian kang bakal Sundamel karo wong Israel, sawuse wektu iku, -- mangkono pangadikane Sang Yehuwah -- iku mangkene: ToretingSun bakal Sunparingake ana ing batine, sarta Sunserat ana ing atine; Ingsun banjur bakal jumeneng dadi Allahe lan wong-wong iku bakal padha dadi umatingSun.
34 Apadene ora prelu wong aweh piwulang maneh marang pepadhane, utawa sadulure mangkene: Kowe wanuha marang Sang Yehuwah! Amarga wong iku kabeh, gedhe cilik, bakal padha wanuh marang Ingsun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, awit kaluputane bakal Sunapura lan dosane wus ora Sunengeti maneh.”