Yeremia 31:31-37 JAV

31 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah bakal tumeka ing titi-mangsane, Ingsun bakal damel prajanjian anyar karo wong Israel lan Yehuda,

32 ora kaya prajanjian kang Sundamel karo leluhure, nalika Ingsun nganthi tangane, ing wektu ngentasake para wong iku saka ing tanah Mesir; prajanjian iku wus diselaki; sanadyan Ingsun jumeneng Gusti, kang nguwasani wong-wong iku, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.

33 Nanging prajanjian kang bakal Sundamel karo wong Israel, sawuse wektu iku, -- mangkono pangadikane Sang Yehuwah -- iku mangkene: ToretingSun bakal Sunparingake ana ing batine, sarta Sunserat ana ing atine; Ingsun banjur bakal jumeneng dadi Allahe lan wong-wong iku bakal padha dadi umatingSun.

34 Apadene ora prelu wong aweh piwulang maneh marang pepadhane, utawa sadulure mangkene: Kowe wanuha marang Sang Yehuwah! Amarga wong iku kabeh, gedhe cilik, bakal padha wanuh marang Ingsun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, awit kaluputane bakal Sunapura lan dosane wus ora Sunengeti maneh.”

35 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah,kang maringi srengenge kagawe madhangi awankang netepake rembulan lan lintang-lintangkanggo madhangi bengi,lan ngebur sagara, nganti alune molak-malik,-- asmane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi --:

36 “Kayadene katemtuan iku anggone ora bakal gumingsir saka ing ngarsaningSun,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --,iya kaya mangkono uga trahe Israel ora bakal pegat-pegat anggone dadi bangsa ana ing ngarsaningSuning sauruting jaman.

37 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Kayadene langit ora kena ingukur,lan dhasar-dhasaring bumi ngisor ora bisa katiti-priksa,mangkono uga Ingsun ora bakal nampik sakehing tedhak turune Israel, marga sakehing panggawene.Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.