36 “Kayadene katemtuan iku anggone ora bakal gumingsir saka ing ngarsaningSun,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --,iya kaya mangkono uga trahe Israel ora bakal pegat-pegat anggone dadi bangsa ana ing ngarsaningSuning sauruting jaman.
37 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Kayadene langit ora kena ingukur,lan dhasar-dhasaring bumi ngisor ora bisa katiti-priksa,mangkono uga Ingsun ora bakal nampik sakehing tedhak turune Israel, marga sakehing panggawene.Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
38 Lah bakal tumeka ing titi-mangsane, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- kutha iku bakal kabangun maneh konjuk marang Sang Yehuwah, wiwit saka ing menara Hananeel tutug ing Gapura Pojok,
39 sarta pangukure katerusake tekan ing tengger Gareb, banjur menggok marang Goa,
40 lan sawratane lebak iku dalah mayit-mayit lan awune kurbane, apadene sakehing palemahan ing sapinggiring kali Kidron nganti tekan ing pojoking Gapura Kuda, mangetan, iku bakal dadi sesengkerane Sang Yehuwah. Wong ora bakal mbubrah utawa ngrubuhake maneh ana ing kang ing salawase.”