Yeremia 31:4-10 JAV

4 Ingsun bakal mbangun sira maneh,temah sira binangun,he putri Israel!Sira bakal ngrerengga awakira maneh kinanthen trebang,lan metu kalawan jejogedan asukarena.

5 Sira bakal gawe kebon anggur manehana ing pagunungan Samaria;dene para wong kang padha gawe ikubakal ngundhuh pametune uga.

6 Lah bakal tumeka ing titi-mangsanepara wong kang jaga bakal padha nguwuh-uwuh ana ing pagunungan Efraim:Payo, padha munggah menyang ing Sionsowan ing ngarsane Sang Yehuwah, Gusti Allah kita!

7 Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Padha surak-suraka tumrap Yakub klawan sukarena,bungah-bungaha ing bab panggedhening para bangsa!Wartakna, memujia lan kandhakna:Sang Yehuwah wus mitulungi umate,yaiku kekarene Israel!

8 Lah, Ingsun bakal ngirid para wong ikusaka ing tanah lor,lan bakal ngumpulake wong-wong iku saka ingponcoting bumi,panunggalane ana kang picak lan lumpuh,ana wonge wadon kang lagi ngandhegbareng karo kumpulane wong kang nglairake anak;baline mrene dadi pasamuwan kang gedhe.

9 Tekane wong-wong iku kambi nangis,Ingsun bakal nganthi wong-wong iku klawan paring panglipur;Ingsun bakal ngirid lakune menyang ing kali-kali, liwat ing dalan kang rata, ana ing kono ora bakal padha kesandhung;amarga Ingsun wus dadi ramane Israel,dene Efraim iku putraningSun pembayun.

10 He para bangsa, padha rungokna pangandikane Sang Yehuwah,iku undhangna ing tanah-tanah pesisir kang adoh,kandhakna: Panjenengane kang wus mbuyarake Israelkarsa ngempalake manehlan rumeksa kaya pangon marang pepanthaning wedhuse.