9 Tekane wong-wong iku kambi nangis,Ingsun bakal nganthi wong-wong iku klawan paring panglipur;Ingsun bakal ngirid lakune menyang ing kali-kali, liwat ing dalan kang rata, ana ing kono ora bakal padha kesandhung;amarga Ingsun wus dadi ramane Israel,dene Efraim iku putraningSun pembayun.
10 He para bangsa, padha rungokna pangandikane Sang Yehuwah,iku undhangna ing tanah-tanah pesisir kang adoh,kandhakna: Panjenengane kang wus mbuyarake Israelkarsa ngempalake manehlan rumeksa kaya pangon marang pepanthaning wedhuse.
11 Amarga Sang Yehuwah wus ngluwari Yakub,wus nebus saka ing tangane wong kang luwih rosa.
12 Mulane bakal padha teka karo surak-surakana ing tenggere Sion,sarta polatane sumringah,marga saka kamirahane Sang Yehuwah,kang arupa gandum, anggur lan lenga,apadene cempe-cempe lan sapi-sapi;uripe bakal kaya taman kang kaoncoran banyu,sarta ora bakal katon nglayung maneh.
13 Ing wektu iku prawan-prawan padha seneng-senengjejogedan asukarenawong anom lan wong tuwa bakal padha sumyak-sumyak.Ingsun bakal nyantuni rudatine dadi kabungahan,nglipur lan mbungahake wong-wong ikusawise padha nandhang prihatin.
14 Ingsun bakal maregi nyawane para imam kalawan kaluberan,umatingSun bakal Sunwaregi kalawan kamirahaningSun.Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
15 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Rongokna! Ing Rama keprungu swaraning tangis,tangis kang ngeres-eresi.Rakhel nangisi anak-anake,lumuh linipur jalaran saka anak-anake,amarga wus padha ora ana maneh.