1 Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia kang kaping pindhone, nalika isih kinunjara ana ing plataraning pajagan, wirasane:
2 “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, kang nitahake bumi sarana mangun lan njejegake -- Sang Yehuwah iku asmane --:
3 Sesambata marang Ingsun, Ingsun mesthi bakal maringi wangsulan marang sira, lan Ingsun bakal paring sumurup marang sira, prakara-prakara kang gedhe lan kang sinamar, yaiku bab-bab kang ora sira sumurupi.
4 Amarga -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel --, mungguh omah-omah kang ana ing kutha iki lan gedhong-gedhonging kratone Sang Nata ing Yehuda kang dibubrah kanggo nanggulangi tembok-temboking pangepungane mungsuh lan pedhang:
5 Wong bakal mangsah perang nglawan wong ing Kasdim lan kutha iki bakal kebak mayiting manungsa kang wus Sunpateni marga saka dukaningSun lan mulad-mulading bebenduningSun, awit Ingsun wus nyingidake wadananingSun saka ing kutha iki, marga saka sakehing pialane.
6 Lah, Ingsun bakal nuwuhake kawarasan lan kawaluyan sarta Ingsun bakal maluyakake wong iku lan paring karaharjan sarta katentreman nganti luber-luber.
7 Ingsun bakal mulihake kaanane Yehuda lan Israel lan bakal Sunbangun maneh kaya ing maune.