Yeremia 33:10-16 JAV

10 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Ing panggonan kene, kang kokarani wus dadi jugrugan, ora didunungi manungsa lan kewan, ing kutha-kuthaning Yehuda lan ing lurung-lurunge Yerusalem, kang sepi mamring iku, lan ora ana wonge kang ngenggoni lan ora ana kewane,

11 bakal keprungu maneh sabawaning kabungahan lan sukarena, swaraning penganten lanang lan wadon, swaraning wong kang padha ngucapake:Ngaturna puji panuwun marang Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi,amarga Sang Yehuwah iku asih-darma,sih-susetyane iku langgeng ing salawase!,karo ngaturake kurban panuwun ana ing padalemane Sang Yehuwah. Amarga Ingsun bakal mulihake kaanane nagara iki kaya ing maune. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

12 Pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, mangkene: Ing tlatah kene, kang wis dadi jugrugan, ora didunungi manungsa lan kewan, tuwin ing sakehing kuthane, bakal ana pangonan maneh kanggo para pangon, kang mlegungake wedhus-wedhuse ana ing kono.

13 Ing kutha-kutha Pagunungan, ing kutha-kutha Tlatah Pagunungan, ing kutha-kutha ing Tanah Negeb, ing tlatahe Benyamin, ing saubenge Yerusalem lan ing kutha-kuthane Yehuda, wedhus-wedhus bakal liwat maneh ana ing sangisoring tangane kang ngetung. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”

14 “Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Lah, bakal tumeka ing mangsane anggoningSun bakal nuhoni prasetya, kang Sunparingake marang tedhak turune Israel lan Yehuda.

15 Ing wektu lan ing mangsa iku Ingsun bakal nuwuhake Trubusing kaadilan tumrap Dawud, kang bakal nindakake kaadilan lan kabeneran ana ing nagara.

16 Ing wektu iku Yehuda bakal linuwaran lan Yerusalem uripe bakal tentrem. Lan kalawan jeneng iki, iku bakal padha sinebut: Sang Yehuwah iku kaadilan kita.