16 Ing wektu iku Yehuda bakal linuwaran lan Yerusalem uripe bakal tentrem. Lan kalawan jeneng iki, iku bakal padha sinebut: Sang Yehuwah iku kaadilan kita.
17 Amarga pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Tedhak turune Dawud bakal ora pedhot-pedhot nglungguhi dhamparing kratone bangsa Israel!
18 Lan tedhak turune para imam bangsa Lewi uga ora kendhat-kendhat nyaosake kurban obaran, lan kurban dhaharan, apadene kurban sembelehan ing sauruting jaman, ana ing ngarsaningSun.”
19 Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia, mangkene:
20 “Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Manawa sira bisa mbubrah prasetyaningSun marang rina lan wengi, temah rina lan wengi ora netepi ing wayahe,
21 ing kono prajanjianingsun marang abdiningSun Dawud uga bisa kabubrah, temah ora duwe turun maneh kang nglungguhi dhamparing kratone, mangkono uga prasetyaningSun karo bangsa Lewi, yaiku para imam kang dadi paladeningSun.
22 Kayadene bala ing langit kang tanpa wilangan kehe tuwin kaya wedhining sagara kang ora kena tinaker, iya kaya mangkono uga anggoningSun nangkar-nangkarake tedhak turune Dawud lan para wong Lewi, kang ngladeni Ingsun.”