1 Pangandikane Sang yehuwah marang Nabi Yeremia ing jamane Sang Prabu Yoyakim bin Yosia, ratu ing Yehuda, mangkene:
2 “Lungaa maranana wong trah Rekhab, rembugana karo para wong iku lan iriden menyang ing padalemane Sang Yehuwah ana ing sawijining kamar, nuli ombenana anggur!”
3 Aku banjur marani Yaazanya bin Yeremia bin Habazinya dalah para sadulure lan para anake kabeh, cekake: sakehing gotrahe Rekhab.
4 Aku ngirid wong-wong iku menyang ing padalemane Sang Yehuwah, menyang ing kamare para anake Hanan bin Yigdalya, abdining Allah; iya iku kamar ing sandhinge kamare para panggedhe ing sadhuwuring kamare Maaseya bin Salum, jaga-gapura.