16 Lah, tedhak turune Yonadab bin Rekhab padha setya ngestokake piwelinge para leluhure, nanging bangsa iki wegah ngrungokake marang Ingsun.
17 Mulane pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Lah Ingsun bakal ndhawahake marang Yehuda lan sakehing wong isine kutha Yerusalem sakehe kasangsaran, kang wus Sunagem ngancam wong-wong iku; amarga Ingsun wus paring pangandika marang para wong iku, nanging padha ora ngrungokake, lan Ingsun wus nimbali wong-wong iku, nanging padha ora mangsuli.”
18 Nanging Nabi Yeremia ngandika marang bani Rekhab: “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Sarehne sira padha ngestokake marang piwelinge Yonadab, leluhurira, ngukuhi marang sakehing piwelinge, lan tetep padha nglakoni kaya piwelinge marang sira,
19 mulane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel ngandika mangkene: Tedhak turune Yonadab bin Rekhab bakal ora pedhot-pedhot ngladeni Ingsun ing salawas-lawase.”