2 “Lungaa maranana wong trah Rekhab, rembugana karo para wong iku lan iriden menyang ing padalemane Sang Yehuwah ana ing sawijining kamar, nuli ombenana anggur!”
3 Aku banjur marani Yaazanya bin Yeremia bin Habazinya dalah para sadulure lan para anake kabeh, cekake: sakehing gotrahe Rekhab.
4 Aku ngirid wong-wong iku menyang ing padalemane Sang Yehuwah, menyang ing kamare para anake Hanan bin Yigdalya, abdining Allah; iya iku kamar ing sandhinge kamare para panggedhe ing sadhuwuring kamare Maaseya bin Salum, jaga-gapura.
5 Ana ing ngarepe para kulawargane Rekhab aku nyelehake tuwung-tuwung kebak anggur lan cangkir-cangkir, aku nuli kandha marang wong-wong mau: “Kowe padha ngombea anggur!”
6 Nanging padha mangsuli: “Kula sami boten ngombe anggur, amargi Eyang Yonadab bin Rekhab, leluhur kula, sampun meling dhateng kula sadaya makaten: Kowe lan saanak-anakmu kabeh aja padha ngombe anggur ing salawas-lawase,
7 aja gawe omah, aja nyebar wiji, aja gawe lan nduweni kebon anggur, nanging padha manggona ing kemah-kemah ing salawase urip, supaya kowe dawa umurmu ana ing tanah, kang kokenggoni dadi wong neneka!
8 Kula sami ngestokaken piwelingipun Eyang Yonadab bin Rekhab, leluhur kula, ing bab samukawis ingkang dados piwelingipun dhateng kula sadaya, supados kula sami boten ngombe anggur salaminipun gesang, inggih punika kula piyambak, semah kula, anak-anak kula jaler estri,