8 Kula sami ngestokaken piwelingipun Eyang Yonadab bin Rekhab, leluhur kula, ing bab samukawis ingkang dados piwelingipun dhateng kula sadaya, supados kula sami boten ngombe anggur salaminipun gesang, inggih punika kula piyambak, semah kula, anak-anak kula jaler estri,
9 supados kula boten damel griya ingkang kula enggeni, boten gadhah kebon anggur, utawi pategilan sarta wiji,
10 nanging tetep sami manggen wonten ing kemah kemawon saha setya ngestokaken kados ingkang dados piwelingipun Eyang Yonadab, leluhur kula.
11 Nanging nalika Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil nglurugi tanah punika, kula lajeng sami wicanten: Payo padha ngungsi menyang Yerusalem marga saka tekane wadya-bala ing Kasdim lan ing Aram iku! Makaten jalaranipun kula lajeng sami manggen wonten ing Yerusalem.”
12 Ing wektu iku Sang Yehuwah paring pangandika marang Nabi Yeremia, mangkene: “Pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel mangkene:
13 Mangkata lan tutura marang wong ing Yehuda lan wong isine kutha Yerusalem: Apa sira ora tampa piwulang yaiku ngrungokake pangandikaningSun?
14 Pancen, piwelinge Yonadab bin Rekhab iku isih diestokake, yaiku anggone dheweke meling marang tedhak turune, supaya aja ngombe anggur lan tumeka saprene wong iku padha ora ngombe anggur, amarga padha ngestokake marang piwelinge leluhure. Ingsun piyambak tansah ngandikani sira, nanging sira padha ora ngrungokake marang Ingsun.