1 Nalika ing taun kangkaping pate paprentahane Sang Prabu Yoyakim bin Yosia, Sang Yehuwah paring pangandika marang Nabi Yeremia mangkene:
2 “Njupuka layang gulungan tulisen ana ing kono sakehing pangandika kang Sundhawuhake marang sira tumrap Israel, Yehuda lan sakehing bangsa, wiwit nalika Ingsun medhar pangandika marang sira, yaiku wiwit jamane Yosia, nganti saprene.
3 Samangsa turune Yehuda krungu bab sakehing bilai, kang Sunrancang bakal Suntandukake marang wong-wong iku, bokmanawa siji-sijine bakal mratobat saka polah-tingkahe kang ala, temah Ingsun ngapura kaluputan lan dosane.”
4 Dadine Nabi Yeremia banjur ngundang Barukh bin Neria, Barukh nuli nulisi ana ing layang gulungan terus bae saka ing lesane Nabi Yeremia sakehing pangandika, kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah.
5 Ing sawijining dina Nabi Yeremia dhawuh marang Barukh mangkene: “Aku iki lagi ana alangan ora bisa munggah menyang ing padalemane Sang Yehuwah.
6 Dadine ing dina puwasa kowe bae kang macakake pangandikane Sang Yehuwah saka ing gulungan kang koktulis terus bae saka ing cangkemku iku marang wong akeh ana ing padalemaning Sang Yehuwah; iku sira wacakna uga marang sakehe wong Yehuda kang teka saka ing kutha-kuthane.