Yeremia 36:25-31 JAV

25 Sanadyan Elnatan, Delaya lan Gemarya wus padha ngaturi supaya aja mbesmi layang gulungan iku, ewadene Sang Prabu ora karsa ndhahar ature.

26 Sang Prabu malah dhawuh marang Pangeran Yerahmeel, Seraya bin Azriel lan Selemya bin Abdeel supaya nyekel jurutulis Barukh lan Nabi Yeremia, nanging Sang Yehuwah ngumpetake wong loro mau.

27 Sawuse Sang Prabu mbesmi gulungan kang ngemot pangandika kang ditulis dening Barukh katampan saka ing lesane Nabi Yeremia iku, Sang Yehuwah paring pangandika marang Nabi Yeremia mangkene:

28 “Njupuka gulungan liyane tulisana sakehing pangandika, kang ana ing gulungan kang dhisik lan kang wus diobong dening Yoyakim, ratu ing Yehuda kae.

29 Yoyakim, ratu ing Yehuda iku sira tuturana mangkene: Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Sira wus ngobong gulungan iku sarta kandha: Geneya sira nulis ana ing kono, manawa ratu ing Babil mesthi bakal teka nyirnakake nagara kene lan mbengkas manungsa lan kewan ing kono?

30 Amarga saka iku -- makaten pangandikanipun Sang Yehuwah tumrap Sang Prabu Yoyakim ratu ing Yehuda --: Dheweke ora bakal duwe turun kang nglungguhi dhampare Dawud, lan mayite bakal gilang-gilang, temah kepanasan ing wayah awan lan kadhemen ing wayah bengi.

31 Ingsun bakal ngukum dheweke, tedhak turune lan para kawulane marga saka kaluputane; Ingsun bakal ndhatengake marang wong-wong iku, marang sakehe wong kang manggon ing Yerusalem tuwin marang wong Yehuda sakehing bilai kang wus Sunagem ngancam wong iku kabeh, nanging pangandikaningSun ora dirungokake.”