Yeremia 36:27-32 JAV

27 Sawuse Sang Prabu mbesmi gulungan kang ngemot pangandika kang ditulis dening Barukh katampan saka ing lesane Nabi Yeremia iku, Sang Yehuwah paring pangandika marang Nabi Yeremia mangkene:

28 “Njupuka gulungan liyane tulisana sakehing pangandika, kang ana ing gulungan kang dhisik lan kang wus diobong dening Yoyakim, ratu ing Yehuda kae.

29 Yoyakim, ratu ing Yehuda iku sira tuturana mangkene: Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Sira wus ngobong gulungan iku sarta kandha: Geneya sira nulis ana ing kono, manawa ratu ing Babil mesthi bakal teka nyirnakake nagara kene lan mbengkas manungsa lan kewan ing kono?

30 Amarga saka iku -- makaten pangandikanipun Sang Yehuwah tumrap Sang Prabu Yoyakim ratu ing Yehuda --: Dheweke ora bakal duwe turun kang nglungguhi dhampare Dawud, lan mayite bakal gilang-gilang, temah kepanasan ing wayah awan lan kadhemen ing wayah bengi.

31 Ingsun bakal ngukum dheweke, tedhak turune lan para kawulane marga saka kaluputane; Ingsun bakal ndhatengake marang wong-wong iku, marang sakehe wong kang manggon ing Yerusalem tuwin marang wong Yehuda sakehing bilai kang wus Sunagem ngancam wong iku kabeh, nanging pangandikaningSun ora dirungokake.”

32 Nabi Yeremia nuli mundhut gulungan liyane lan diparingake marang panitra Barukh bin Neria, kang nulisi kang katampan terus bae saka ing lesane Nabi Yeremia sakehing pangandika kang kamot ana ing layang kang wus diobong dening Sang Prabu Yoyakim, ratu ing Yehuda iku. Apa maneh isih diwuwuhi pangandika akeh tunggale iku.