8 Barukh bin Neria nindakake ceples kaya kang kadhawuhake Nabi Yeremia, yaiku macakake pangandikane Sang Yehuwah saka kitab iku ana ing padalemane Sang Yehuwah.
9 Dene nalika ing taun kang kaping limane paprentahane Sang Prabu Yoyakim bin Yosia, ratu ing Yehuda, ing sasi kasanga, diundhangake puwasa ana ing ngarsane Sang Yehuwah tumrap sakehing wong ing Yerusalem lan rakyat kabeh kang teka ing Yerusalem saka ing kutha-kutha Yehuda.
10 Barukh nuli macakake pangandikane Nabi Yeremia saka ing kitab iku marang rakyat kabeh ana ing padalemane Sang Yehuwah, ing kamare Gemarya, anake panitra Safan, ana ing plataran ndhuwur, ing sangareping gapuraning padalemane Sang Yehuwah kang anyar.
11 Bareng Mikhaya bin Gemarya bin Safan krungu sakehing pangandika saka ing kitab mau,
12 banjur mudhun menyang ing kratone Sang Prabu menyang ing kamare panitra. Ing kono katon sakehing panggedhe padha lenggahan yaiku: panitra Elisama, Delaya bin Semaya, Elnatan bin Akhbor, Gemarya bin Safan, Zedhekia bin Hananya lan sakehing panggedhe liyane.
13 Mikhaya banjur ngaturi pirsa marang para panggedhe mau sakehing pangandika kang dirungu, nalika Barukh macakake kitab iku marang wong akeh.
14 Para panggedhe mau tumuli dhawuh marang Yehudi bin Netanya bin Selemya bin Kusyi supaya matur marang Barukh: “Gulungan kang mentas kokwacakake marang wong akeh iku gawanen lan mrenea!”