1 Sang Prabu Zedhekia bin Yosia jumeneng ratu nggentosi Sang Prabu Khonya bin Yoyakim; Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil wus njumenengake panjenengane dadi ratu ing nagara Yehuda.
2 Nanging panjenengane sapunggawane apadene rakyate ing nagara kono padha ora nggugu marang pangandikane Sang Yehuwah, kang kadhawuhake lumantar Nabi Yeremia.
3 Nuju ing sawijining dina Sang Prabu Zedhekia utusan Yukhal bin Selemya lan Imam Zefanya bin Maaseya marang ing ngarsane Nabi Yeremia, kadhawuhan nglantarake pangandikane: “Kula sami sampeyan dongakaken dhateng Sang Yehuwah, Gusti Allah kita!”
4 Dene ing nalika samana Nabi Yeremia isih saged mlebet-medal ing satengahingrakyat; panjenengane durung dicemplungake ing pakunjaran.
5 Dene wadya-balane Sang Pringon wus budhal saka ing Mesir; bareng para wong Kasdim kang ngepung Yerusalem krungu, banjur padha ninggal kutha iku.