16 Kaya mangkono lelakone Nabi Yeremia kang banjur dicemplungake ing kulah tandhon banyu ing jero lemah. Lan Nabi Yeremia suwe anggone ana ing kono.
17 Nuju ing sawijining dina Sang Prabu Zedhekia utusan wong mundhut Nabi Yeremia. Nuli kalawan sidheman Sang Prabu ndangu marang Nabi Yeremia: “Punapa wonten pangandikanipun Sang Yehuwah?” Unjuk wangsulane Nabi Yeremia: “Wonten! Panjenengan dalem badhe kaulungaken dhateng ing astanipun ratu ing Babil.”
18 Nabi Yeremia nuli matur marang Sang Prabu Zedhekia: “Punapa dosa kawula ingkang kawula tandukaken dhateng panjenengan dalem, dene kawula ngantos panjenengan dalem lebetaken ing pakunjaran?
19 Wonten ing pundi para nabi panjenengan dalem ingkang sampun meca, bilih ratu ing Babil boten badhe nempuh perang nglawan panjenengan dalem saha nagari punika?
20 Sapunika, dhuh gusti kawula Sang Prabu, paduka mugi karsaa midhangetaken. Panyuwun kawula mugi dumugia ing ngarsa dalem. Kawula mugi sampun paduka wangsulaken dhateng ing griyanipun panitra Yonatan; kawula mesthi dipun pejahi wonten ing ngrika.”
21 Sang Prabu Zedhekia banjur paring dhawuh, supaya Nabi Yeremia ditahan ana ing plataran pajagan lan saben dina supaya diparingi roti sairis saka ing dalan tukang roti, nganti saenteke roti ing kutha kono. Mangkono dadine Nabi Yeremia tetep ana ing plataran pajagan.