2 Nanging panjenengane sapunggawane apadene rakyate ing nagara kono padha ora nggugu marang pangandikane Sang Yehuwah, kang kadhawuhake lumantar Nabi Yeremia.
3 Nuju ing sawijining dina Sang Prabu Zedhekia utusan Yukhal bin Selemya lan Imam Zefanya bin Maaseya marang ing ngarsane Nabi Yeremia, kadhawuhan nglantarake pangandikane: “Kula sami sampeyan dongakaken dhateng Sang Yehuwah, Gusti Allah kita!”
4 Dene ing nalika samana Nabi Yeremia isih saged mlebet-medal ing satengahingrakyat; panjenengane durung dicemplungake ing pakunjaran.
5 Dene wadya-balane Sang Pringon wus budhal saka ing Mesir; bareng para wong Kasdim kang ngepung Yerusalem krungu, banjur padha ninggal kutha iku.
6 Nuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia, mangkene:
7 “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel: Matura marang ratu ing Yehuda kang ngutus sira, supaya nyuwun pitedah marang Ingsun: Delengen wadya-bala kang wus budhal saka Mesir arep mbiyantu sira, bakal bali menyang ing Mesir nagarane.
8 Nanging wong Kasdim bakal bali nempuh perang nglawan kutha iki, dibedhah lan diobong.