9 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Sira aja ngapusi awakira dhewe, kalawan ngucap: Para wong Kasdim wus lunga kabeh ing salawase! Mangka ora padha lunga ing salawase!
10 Lan saupama sira nggepuk lan bisa ngalahake sakehe bala Kasdim, kang merangi sira iku nganti mung ana kekarene kang ketaton banget, ana ing pakemahane dhewe-dhewe bakal padha gumregah lan ngobong kutha iki.”
11 Nalika wadya-bala ing Kasdim wus ninggal kutha Yerusalem jalaran wedi karo balane Sang Prabu Pringon,
12 Nabi Yeremia banjur tindak saka Yerusalem menyang tlatah Benyamin prelu ngurus pangedume warisan ing antarane sanak sadulure.
13 Nalika mlebet ing gapurane tlatah Benyamin, ing kono ana sawijining lurah jaga kang aran Yeria bin Selemya bin Hananya; iku nuli nyekel Nabi Yeremia, kalawan ngucap sora: “Kowe arep mbalik ngeloni wong Kasdim!”
14 Lan sanadyan Nabi Yeremia mangsuli: “O goroh iku, aku ora mbalik melu wong Kasdim!”, nanging ora dipaelu dening Yeria, iku banjur nyekel Nabi Yeremia lan diladekake marang para panggedhe.
15 Para panggedhe mau padha duka banget marang Nabi Yeremia lan nyapu panjenengane sarta banjur dilebokake ing omah tahanan, ana ing omahe panitra Yonatan; omah iku wus kadadekake pakunjaran.