Yeremia 38:15-21 JAV

15 Atur wangsulane Nabi Yeremia marang Sang Prabu Zedhekia: “Saupami kawula ngaturaken dhateng panjenengan dalem, panjenengan dalem rak badhe mejahi kawula, ta? Saha manawi kawula ngaturi rembag panjenengan dalem mesthi boten kadhahar!”

16 Sang Prabu Zedhekia nuli supaos dhedhemitan marang Nabi Yeremia, pangandikane: “Demi asmanipun Sang Yehuwah ingkang gesang, ingkang maringi nyawa punika dhateng kula sadaya, sampeyan boten badhe kula pejahi lan boten badhe kula pasrahaken dhateng para tiyang ingkang sami ngarah dhateng nyawa sampeyan punika!”

17 Sawuse mangkono Nabi Yeremia nuli matur marang Sang Prabu Zedhekia: “Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahipun Israel: Manawa sira metoni lan masrahake uripira marang para prawirane ratu ing Babil, nyawanira bakal ingayoman lan kutha iki ora bakal kaobong; sira dalah sakulawarganira bakal lestari urip.

18 Nanging manawa sira ora masrahake uripira marang para prawirane ratu ing Babil, kutha iki bakal dipasrahake marang tangane wong Kasdim, banjur bakal kaobong; sira dhewe bakal ora bisa oncat saka ing tangane.”

19 Sang Prabu Zedhekia nuli ngandika marang Nabi Yeremia: “Kula ajrih dhateng para tiyang Yehuda ingkang sampun sami mbalik tumut tiyang Kasdim punika, temah kula badhe dipun angge gegujengan.”

20 Unjuke Nabi Yeremia: “Prakawis punika boten badhe kelampahan! Kawula aturi miyarsakaken pangandikanipun Sang Yehuwah menggah prakawis ingkang sampun kawula unjukaken dhateng panjenengan dalem; kawontenan panjenengan dalem badhe sae saha sarira dalem badhe karimatan.

21 Nanging manawi panjenengan dalem boten karsa masrahaken sarira dalem, pangandikanipun Sang Yehuwah makaten, ingkang kadhawuhaken dhateng kawula.