Yeremia 38:17-23 JAV

17 Sawuse mangkono Nabi Yeremia nuli matur marang Sang Prabu Zedhekia: “Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahipun Israel: Manawa sira metoni lan masrahake uripira marang para prawirane ratu ing Babil, nyawanira bakal ingayoman lan kutha iki ora bakal kaobong; sira dalah sakulawarganira bakal lestari urip.

18 Nanging manawa sira ora masrahake uripira marang para prawirane ratu ing Babil, kutha iki bakal dipasrahake marang tangane wong Kasdim, banjur bakal kaobong; sira dhewe bakal ora bisa oncat saka ing tangane.”

19 Sang Prabu Zedhekia nuli ngandika marang Nabi Yeremia: “Kula ajrih dhateng para tiyang Yehuda ingkang sampun sami mbalik tumut tiyang Kasdim punika, temah kula badhe dipun angge gegujengan.”

20 Unjuke Nabi Yeremia: “Prakawis punika boten badhe kelampahan! Kawula aturi miyarsakaken pangandikanipun Sang Yehuwah menggah prakawis ingkang sampun kawula unjukaken dhateng panjenengan dalem; kawontenan panjenengan dalem badhe sae saha sarira dalem badhe karimatan.

21 Nanging manawi panjenengan dalem boten karsa masrahaken sarira dalem, pangandikanipun Sang Yehuwah makaten, ingkang kadhawuhaken dhateng kawula.

22 Sadaya pawestri ingkang taksih kantun wonten ing kratonipun Sang Nata ing Yehuda badhe kairid medal dhateng sangajengipun para prawiranipun ratu ing Babil, kaliyan nguwuh-uwuh:Kowe dibujuk lan dikalahakedening para mitra-mitramu.Nanging lagi bae sikilmu keblesek ing endhut,wong iku wis padha bali mulih.

23 Sadaya garwa saha para putra dalem sami dipun irid medal dhateng ing sangajengipun tiyang Kasdim. Saha panjenengan dalem piyambak boten badhe saged oncat saking tanganipun, nanging panjenengan dalem badhe kacepeng dening ratu ing Babil. Tuwin kitha punika badhe dipun besmi.”