15 Nalika Nabi Yeremia isih dikunjara ana ing plataran pajagan tampa dhawuh saka Sang Yehuwah, mangkene:
16 “Maranana Ebed-Melekh, wong Etiopia iku lan kandhanana: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Sanyata, pangandikaningSun tumrap kutha iki bakal Sunleksanani murih cilakane lan ora murih raharjane, lan iku kabeh bakal kelakon ana ing ngarepira ing wektu iku uga.
17 Ing nalika iku uga -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, Ingsun bakal ngluwari sira lan ora Sunulungake marang tangane wong kang sira wedeni,
18 nanging Ingsun mesthi bakal ngluwari sira; sira ora bakal mati dening pedhang, nyawanira bakal sira rebut kaya rayahan, amarga sira kumandel marang Ingsun. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”