7 Tumuli tingale Sang Prabu Zedhekia dicuplak, wasana dikecrek mawa rante tembaga, ditawan menyang ing tanah Babil.
8 Wadya-bala Kasdim padha ngobongi kraton lan omah-omahe rakyat, banjur njugrugake balowartine Yerusalem.
9 Sang Nebuzaradan, panggedhening prajurit pengawal, banjur nawan para kekarening rakyat kang isih ana ing kutha iku, lan wong-wong padha mbalik ngrojongi mungsuh apadene kekarening para kriya, padha dibuwang menyang ing Babil.
10 Nanging saperanganing rakyat, yaiku para wong mlarat kang ora duwe apa-apa, ditinggal ana ing tanah Yehuda dening Sang Nebuzaradan, panggedhening prajurit pengawal. Ing kala semana wong-wong padha diparingi pakebonan anggur lan pategalan dadi darbeke.
11 Tumrap Nabi Yeremia, Sang Prabu Nebukadnezar, nata ing Babil, wus paring dhawuh lumantar Sang Nebuzaradan panggedhening prajurit pengawal, mangkene:
12 “Wong iku boyongen lan sira openana, aja sira kapak-kapakake, nanging turutana apa kang dadi panjaluke marang sira!”
13 Sang Nebuzaradan, panggedhening prajurit pengawal, lan Sang Nebusyazban, panggedhening kraton, tuwin Sang Senapati Nergal-Sarezer, lan sakehing prawira-agunge nata ing Babil, padha utusan wong --