1 Pangandikane Sang Yehuwah: “He Israel!Manawa sira gelem bali, sira balia marang Ingsun,lan manawa sira gelem ngedohake para dewanira kang najisake,sira ora susah sumingkir saka ing ngarsaningSun.
2 Lan manawa sira nglairake supata klawan kasetyan, kaadilan lan kabeneran:Demi Sang Yehuwah kang gesang,para bangsa bakal padha berkah-binerkahan ana ing Panjenenganelan bakal padha gedhe atine marga saka Panjenengane.”
3 Ujer Sang Yehuwah ngandika marang wong ing Yehudalan wong kang manggon ing Yerusalem mangkene:“Sira mbukaka palemahan anyar kanggo siralan aja nyebar ing tengahing eren.
4 Padha tetaka lumadi marang Sang Yehuwah,lan ikuting atinira buwangen,he wong Yehuda lan wong kang manggon ing Yerusalem,supaya bebenduningSun aja mulad-mulad kaya geni,lan murub makantar-kantar,lan ora ana wong kang nyirep,marga saka panggawe-panggawenira kang ala!”
5 Wartakna ing tanah Yehuda,lan kabarna ing kutha Yerusalem:Ngunekna kalasangka ana ing jero nagara,nguwuh-uwuha kang seru:“Padha ngumpula, payo padha ngungsimenyang ing kutha-kutha kang santosa!”
6 Banderane adegna ngener marang kutha Sion,ngungsia dienggal, aja mung padha meneng bae!Amarga Ingsun ndhatengake bilai saka lorlan karusakan kang gedhe.
7 Singa wus jumedhul saka ing grumbulan.Kang ngrusak para umat wus mangkat,wus metu saka ing panggonane,arep gawe cengkaring nagaranira;kutha-kuthanira bakal padha didadekake jugrugan,ora ana kang ngenggoni.