12 nanging angin kang banter kang tekane marga saka dhawuhingSun.Saiki Ingsun piyambak bakal ndhawahake paukuman marang wong-wong iku.”
13 Delengen anggone munggah kaya lakuning mendhung,karetane perang rikate kaya prahara,jarane cukate ngluwihi manuk garudha.Adhuh cilaka aku, awit aku padha disirnakake!
14 He Yerusalem, atinira resikana pialane,supaya sira oleh kaslametan!Isih pira suwene pangrantamira kang alaanggone andhok ana ing atinira?
15 Rungokna! Wong alok-alok saka ing Dhan,martakake bilai saka ing pagunungan Efraim.
16 Para bangsa padha elingna: Iku teka temenan!Wartakna ing Yerusalem:“Wong kang ngepung teka saka ing tanah kang adoh,padha ngulukake swarane marang kutha-kuthane Yehuda.
17 Patrape kaya wong kang tunggu pategalan,ngubengi saka ing keblat papat;amarga Yehuda wus mbalela marang Ingsun, --mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --
18 Tindak-tandukira lan panggawenirakang njalari iku kabeh nempuh marang sira.Iku nasibira kang ala, sapira paite,nganti njojoh atinira.”