17 Patrape kaya wong kang tunggu pategalan,ngubengi saka ing keblat papat;amarga Yehuda wus mbalela marang Ingsun, --mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --
18 Tindak-tandukira lan panggawenirakang njalari iku kabeh nempuh marang sira.Iku nasibira kang ala, sapira paite,nganti njojoh atinira.”
19 Adhuh, dhadhaku, dhadhaku!Aku lara kaya rinemet-remet!Adhuh, pagering jantungku!Jantungku dheg-dhegan, aku ora bisa lerem,amarga aku krungu swaraning kalasangka,gumuruhing perang.
20 Gempuran-gempuran kawartakake,saindenging nagara dirusak,kemahku dirusak dadakansamono uga tendhaku mung sakedhap netra.
21 Isih pira suwene maneh aku ndeleng bandera iku,lan krungu swaraning kalasangka iku?
22 “UmatingSun iku nyata-nyata bodho,padha ora wanuh marang Ingsun.Bocah-bocah kang goblog,lan ora ngreti apa-apa,pintere yen nindakake piala,nanging panggawe becik ora dimangreteni.”
23 Aku ndeleng bumi, lah wus worsuh lan suwung,lan aku tumenga marang ing langit, padhange wus sirna.