25 Aku ndeleng, jebul wus ora ana manungsa,lan sakehing manuk ing awang-awang padha mabur ngilang.
26 Lah aku ndeleng tanah kang maune suburjebul wus dadi pasamunan,lan sakehing kuthane wus padha jugrugana ing ngarsane Sang Yehuwah, marga saka bebendune kang mulad-mulad!
27 Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah:“Saindenging nagara iki bakal dadi sepi mamring,nanging Ingsun ora bakal nyirnakake iku babar pisan.
28 Marga saka bab iki bumi bakal nandhang susah,lan langit ing dhuwur bakal dadi petengamarga Ingsun wus ngandika lan wus ngrancang bab iku,Ingsun ora bakal keduwung lan ora bakal murungake iku.”
29 Marga saka gumredeging bala jaranan lan prajurit panahan,wong sanagara bakal padha ngungsi kabeh.Padha lumebu ing grumbulanlan munggah ing tengger parang-parang;saben kutha wus padha suwung,lan ora ana wong siji-sijia kang manggon ana ing kono.
30 Lan kowe kang padha kasirnakakeapa kang arep koklakoni,geneya kowe padha manganggo jarit jingga,lan pepasren emas,apadene mripatmu celakan?Tanpa guna anggonmu ngadi sarira,bedhanganmu padha nampik kowe, malah padha ngarah nyawamu.
31 Amarga aku krungu swara kaya sambate wong wadon nglarani,swarane sesek kaya swaraning biyung kang nglairake anake tembean,swaraning putri ing Sion kang krenggosan,kang ngegarake tangane:“Adhuh, cilaka aku, amarga aku sirna ana ing ngarepe wong kang padha gawe pepati!”