Yeremia 40:10-16 JAV

10 Dene kula piyambak, kula manggen wonten ing Mizpa saha dados wakil wonten ing ngajengipun tiyang Kasdim, ingkang sami badhe ndhatengi kita; nanging panjenengan sadaya punika sami kula aturi ngempalaken piwedaling anggur, wowohan saha lisah, lajeng kasimpen minangka pasadhiyan, saha sami dedalem ing kitha-kitha, ingkang panjenengan karsakaken.”

11 Nalika sakehe wong Yehuda, kang ana ing Moab, ing antarane bani Amon ing Edom lan ing nagara-nagara liyane padha krungu warta, yen ratu ing Babil wus ngendelake bae kekarene rakyat manggon ing Yehuda, lan matah Sang Gedalya bin Ahikam bin Safan mengku wong-wong mau,

12 sakehing wong Yehuda kang pating blesar ana ing ngendi-endi, banjur padha bali menyang tanah Yehuda lan sowan marang Sang Gedalya ing Mizpa; iku padha ngundhuhi anggur lan woh-wohan akeh banget.

13 Nuju ing sawijining dina Sang Yohanan bin Kareah lan sakehing senapati kang isih ana ing jaban kutha padha nemoni Sang Gedalya ana ing Mizpa

14 lan padha matur marang panjenengane: “Punapa panjenengan pirsa, bilih Sang Prabu Baalis, ratunipun bangsa Amon, sampun utusan Ismael bin Netanya, nyedani panjenengan?” Nanging Sang Gedalya bin Ahikam ora pracaya marang para panggedhe iku.

15 Sang Yohanan bin Kareah nuli matur sesidheman marang Sang Gedalya ana ing Mizpa: “Keparenga kula kesah mejahi Ismael bin Netanya punika, ingkang boten ngantos konangan sinten-sinten. Punapaa ta dene panjenengan ngantos kasedanan, temah tiyang Yehuda ingkang sampun sami nglempak ndherek panjenengan punika lajeng pating blesar malih lan kekantunanipun Yehuda sami manggih tiwas?”

16 Ewadene Sang Gedalya bin Ahikam mangsuli Sang Yohanan bin Kareah: “Sampun tumindak makaten, awit punapa ingkang panjenengan ngandikakaken bab Ismael punika dora.”