1 Nalika sasi kapitu Sang Israel bin Netanya bin Elisama -- panjenengane iku tedhaking ratu lan dadi prawira-agunging ratu -- kanthi wong sepuluh sowan marang ngarsane Sang Gedalya bin Ahikam ana ing Mizpa. Ing nalika semana padha kembul dhahar roti ana ing Mizpa.
2 Sang Ismael bin Netanya klawan kancane sepuluh kang padha ndherek mau banjur padha nyedani Sang Gedalya bin ahikam bin Safan kalawan pedhang; kaya mangkono anggone Sang Ismael nyedani panjenengane, sawuse ditetepake dening Sang Nata ing Babil mengku nagara iku.
3 Sakehing wong Yehuda kang padha nunggal karo Sang Gedalya ing Mizpa lan para wong Kasdim, yaiku para prajurit kang tinemu ana ing kono, uga dipateni dening Sang Ismael.
4 Esuke sawise nyedani Sang Gedalya -- ing kala semana durung ana kang nyumurupi --