11 Nanging Sang Yohanan bin Kareah dalah para prawiraning wadya-bala kang padha krungu bab pokal gawene Sang Ismael bin Netanya mau,
12 banjur padha nglumpukake balane kabeh mangkat mangsah perang nglawan Sang Ismael bin Netanya. Katututan ana ing telaga ing Gibeon.
13 Bareng sakehing rakyat kang padha ndherek Sang Ismael padha ndeleng Sang Yohanan bin Kareah apadene sakehe wadya-bala, padha seneng atine.
14 Sakehing wong kang ditawan dening Sang Ismael saka ing Mizpa, iku padha mbalik ndherek Sang Yohanan bin Kareah.
15 Nanging Sang Ismael bin Netanya kanthi wong wolu bisa oncat saka ing astane Sang Yohanan lan ngungsi menyang tlatah Amon.
16 Sang Yohanan bin Kareah lan sakehe prawiraning wadya-bala kang padha ndherek, nglumpukake sakehe kekarening rakyat kang kabandhang dadi tawanan dening Sang Ismael bin Netanya saka ing Mizpa, sawise nyedani Sang Gedalya bin Ahikam, yaiku para wong lanang, para prajurit, para wong wadon, bocah-bocah lan para punggawa kraton kang digawa bali saka Gibeon;
17 nuli padha mbacutake lakune lan leren ana ing pondhokan darbeke Kimham ing sacedhake Betlehem, sedyane arep terus menyang ing tanah Mesir,