2 Sang Ismael bin Netanya klawan kancane sepuluh kang padha ndherek mau banjur padha nyedani Sang Gedalya bin ahikam bin Safan kalawan pedhang; kaya mangkono anggone Sang Ismael nyedani panjenengane, sawuse ditetepake dening Sang Nata ing Babil mengku nagara iku.
3 Sakehing wong Yehuda kang padha nunggal karo Sang Gedalya ing Mizpa lan para wong Kasdim, yaiku para prajurit kang tinemu ana ing kono, uga dipateni dening Sang Ismael.
4 Esuke sawise nyedani Sang Gedalya -- ing kala semana durung ana kang nyumurupi --
5 ana wong saka Sikhem, Silo lan Samaria, cacahe wolung puluh, kang padha cukur jenggot, panganggone rowak-rawek, lan awake pating glaret; wong iku padha nggawa kurban dhaharan lan menyan arep disaosake ana ing padalemane Sang Yehuwah.
6 Sang Ismael bin Netanya nuli medal saka Mizpa methukake para wong mau kambi muwun. Bareng ketemu karo wong iku pangandikane marang wong-wong iku: “Sowana marang ngarsane Sang Gedalya bin Ahikam!”
7 Nanging bareng wong-wong mau padha tekan ing tengah kutha, padha disembelehi dening Sang Ismael bin Netanya dibiyantu dening wong kang padha ndherekake; mayit-mayite diuncalake menyang ing sumur.
8 Nanging panunggalane ana sepuluh kang matur marang Sang Ismael: “Kula mugi sampun panjenengan pejahi, amargi kula taksih gadhah tandhon ingkang kula dhelikaken wonten ing jawi kitha inggih punika: gandum, sir, lisah tuwin maben!” Dadine padha dieman, ora dipateni bareng karo kanca-kancane.