Yeremia 41:5-11 JAV

5 ana wong saka Sikhem, Silo lan Samaria, cacahe wolung puluh, kang padha cukur jenggot, panganggone rowak-rawek, lan awake pating glaret; wong iku padha nggawa kurban dhaharan lan menyan arep disaosake ana ing padalemane Sang Yehuwah.

6 Sang Ismael bin Netanya nuli medal saka Mizpa methukake para wong mau kambi muwun. Bareng ketemu karo wong iku pangandikane marang wong-wong iku: “Sowana marang ngarsane Sang Gedalya bin Ahikam!”

7 Nanging bareng wong-wong mau padha tekan ing tengah kutha, padha disembelehi dening Sang Ismael bin Netanya dibiyantu dening wong kang padha ndherekake; mayit-mayite diuncalake menyang ing sumur.

8 Nanging panunggalane ana sepuluh kang matur marang Sang Ismael: “Kula mugi sampun panjenengan pejahi, amargi kula taksih gadhah tandhon ingkang kula dhelikaken wonten ing jawi kitha inggih punika: gandum, sir, lisah tuwin maben!” Dadine padha dieman, ora dipateni bareng karo kanca-kancane.

9 Dene sumur panggonane Sang Ismael nguncalake mayit-mayite para wong kang padha dipateni mau, sumur gedhe yasane Sang Prabu Asa kanggo nanggulangi Sang Prabu Baesa, ratu ing Israel; sumur iku diiseni mayit-mayite wong kang padha dipateni Sang Ismael bin Netanya.

10 Sang Ismael banjur nawan kabeh kekarening rakyat kang ana ing Mizpa: para putrine Sang Prabu lan sakehing wong kang isih kari ana ing Mizpa kang didadekake reh-rehane Sang Gedalya bin Ahikam dening Sang Nebuzaradan, panggedhening prajurit pengawal; Sang Ismael bin Netanya nawan para wong iku lan banjur sumedya sumingkir menyang ing tlatahe bani Amon.

11 Nanging Sang Yohanan bin Kareah dalah para prawiraning wadya-bala kang padha krungu bab pokal gawene Sang Ismael bin Netanya mau,