Yeremia 42:1-6 JAV

1 Sakehing prawiraning wadya-bala, kalebu Sang Yohanan bin Kareah lan Sang Azarya bin Hosaya, dalah rakyat kabeh, wiwit kang cilik tumeka kang gedhe nuli padha sowan,

2 lan matur marang Nabi Yeremia: “Kaparenga kula sami ngaturaken panyuwunan wonten ing ngarsa panjenengan. Panjenengan mugi karsaa ndongakaken kula sadaya dhumateng Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, kangge ingkang taksih kantun punika sadaya; amargi tiyang ingkang cacahipun kathah namung kantun kula ingkang namung sakedhik punika ingkang taksih kantun kados ingkang panjenengan pirsani piyambak punika.

3 Mugi Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, nyumerepaken dhateng kula sadaya, margi pundi ingkang kedah kula langkungi lan punapa ingkang kedah kula lampahi.”

4 Wangsulane Nabi Yeremia marang para wong iku: “Panyuwunmu wis dakrungu! Lah, aku arep ndedonga marang Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, kayadene panyuwunmu iku, lan sakehing pangandika, kang kaparingake minangka wangsulan, bakal dakkandakake marang kowe kabeh; satembung bae ora ana kang bakal dakunthet!”

5 Atur wangsulane wong-wong mau marang Nabi Yeremia: “Mugi Sang Yehuwah dadosa seksi ingkang setya tuhu lan kenging dipun pitados ingkang tumuju dhateng kula sadaya, manawi kula boten ngestokaken sadaya pangandikanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, ingkang panjenengan dhawuhaken dhateng kula.

6 Saea awona, kula badhe mirengaken sabdanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, ingkang panjenengan sowani margi saking panyuwun kula dhateng panjenengan, supados kula manggih wilujeng, awit kula sami ngestokaken dhateng sabdanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah kita.”