Yeremia 42:13-19 JAV

13 Nanging manawa sira lumuh ngrungokake sabdane Sang Yehuwah, Gusti Allahira, sarta ngucap: Aku emoh manggon ana ing tanah kene,

14 awit gagasanira: Ora! Aku arep mangkat menyang tanah Mesir, ana ing kana aku ora bakal ngalami paprangan, ora bakal krungu kalasangka lan ora ngrasakake luwe, lan aku bakal padha manggon ana ing kana!,

15 he kekarening Yehuda, saiki rungokna pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Manawa sira kedereng sumedya menyang ing tanah Mesir, nuli sira sida mangkat, lan manggon ana ing kana dadi wong neneka,

16 pedhang kang sira wedeni iku bakal nututi sira menyang tanah Mesir lan ora kendhat-kendhat sira bakal diuber-uber dening si luwe, kang koksamari iku, temah sira mati ana ing kana.

17 Sakehing wong kang sumedya menyang ing tanah Mesir arep manggon ana ing kana dadi wong neneka, bakal mati dening pedhang, kaliren lan pageblug; siji bae ora ana kang bisa luwar utawa oncat saka ing bilahi, kang Sundhatengake marang wong iku.

18 Sanyata, mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Kayadene kasoking dedukaningSun lan mulad-mulading bebenduningSun tumrap wong kang manggon ana ing Yerusalem, mangono uga kasoking dedukaningSun tumrap sira, samangsa sira lunga menyang Mesir. Sira bakal dadi ipat-ipat, pagiris, supata lan cecampahan. Sira ora bakal ndeleng panggonan iki maneh.

19 Sang Yehuwah wus ngandika marang sira, he kekarening Yehuda: Poma sira aja menyang Mesir! Pikiren temenan, aku wus ngelingake marang kowe ing dina iki!