Yeremia 42:4-10 JAV

4 Wangsulane Nabi Yeremia marang para wong iku: “Panyuwunmu wis dakrungu! Lah, aku arep ndedonga marang Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, kayadene panyuwunmu iku, lan sakehing pangandika, kang kaparingake minangka wangsulan, bakal dakkandakake marang kowe kabeh; satembung bae ora ana kang bakal dakunthet!”

5 Atur wangsulane wong-wong mau marang Nabi Yeremia: “Mugi Sang Yehuwah dadosa seksi ingkang setya tuhu lan kenging dipun pitados ingkang tumuju dhateng kula sadaya, manawi kula boten ngestokaken sadaya pangandikanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, ingkang panjenengan dhawuhaken dhateng kula.

6 Saea awona, kula badhe mirengaken sabdanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, ingkang panjenengan sowani margi saking panyuwun kula dhateng panjenengan, supados kula manggih wilujeng, awit kula sami ngestokaken dhateng sabdanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah kita.”

7 Bareng wus sepuluh dina Nabi Yeremia tampi dhawuh saka Sang Yehuwah.

8 Nabi Yeremia nuli nimbali Sang Yohanan bin Kareah lan sakehe prawiraning wadya-bala, kang padha ndherek, tuwin rakyat kabeh kang cilik tumeka kang gedhe.

9 Nabi Yeremia nuli ngandika marang wong-wong iku: “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, kang daksowani marga saka panyuwunmu, prelu ngunjukake panyuwunan ana ing ngarsane.

10 Manawa sira tetep manggon ana ing nagara kene, Ingsun bakal mbangun lan ora bakal mbubrah sira. Ingsun bakal ndadekake tuwuhira lan ora bakal mbedholi sira, amarga Ingsun keduwung anggoningSun ndhatengake bilai marang sira.