10 Wong iku padha ora rempu atine nganti tumeka saprene, padha ora wedi lan ora netepi Toret lan pranataningSun kang wus Sunparingake marang sira lan para leluhurira.
11 Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Lah, Ingsun bakal ngadhepake wadananingSun marang sira murih bilainira, yaiku Ingsun bakal numpes sakehe wong Yehuda.
12 Ingsun bakal mulung kekarening wong Yehuda, kang sumedya lunga menyang ing tanah Mesir, prelu manggon ana ing kana dadi wong neneka; wong iku bakal padha mati kabeh ana ing tanah Mesir; bakal padha ambruk mati dening pedhang lan bakal tiwas dening kaliren, wiwit kang cilik tumeka kang gedhe; wong iku bakal padha mati dening pedhang lan kaliren apadene bakal dadi ipat-ipat, pagiris, supata lan cecampahan.
13 Ingsun bakal paring paukuman marang wong kang manggon ana ing tanah Mesir iku, kayadene anggoningSun ngukum Yerusalem, yaiku kalawan pedhang, kaliren lan pageblug,
14 temah saka kekarene Yehuda, kang wus menyang ing tanah Mesir nedya manggon ana ing kono dadi wong neneka, ora ana siji-sijia kang bisa oncat lan luwar bisa bali mulih menyang ing tanah Yehuda, kang banget dikangeni lan nedya manggon ana ing kono maneh; sanyata wong iku ora bakal padha bisa bali mulih, kejaba wong sawatara kang padha ngungsi.”
15 Tumuli sakehe wong lanang kang padha ngreti manawa bojone padha sesaji kurban marang allah liyane, lan sakehe wong wadon kang padha ana ing kana, wong akeh banget, yaiku rakyat kang manggon ana ing tanah Mesir lan ing Patros, padha mangsuli, tembunge:
16 “Menggah punapa ingkang panjenengan ngandikakaken atas asmanipun Gusti Allah punika, kula boten badhe mirengaken dhateng panjenengan,