Yeremia 44:13-19 JAV

13 Ingsun bakal paring paukuman marang wong kang manggon ana ing tanah Mesir iku, kayadene anggoningSun ngukum Yerusalem, yaiku kalawan pedhang, kaliren lan pageblug,

14 temah saka kekarene Yehuda, kang wus menyang ing tanah Mesir nedya manggon ana ing kono dadi wong neneka, ora ana siji-sijia kang bisa oncat lan luwar bisa bali mulih menyang ing tanah Yehuda, kang banget dikangeni lan nedya manggon ana ing kono maneh; sanyata wong iku ora bakal padha bisa bali mulih, kejaba wong sawatara kang padha ngungsi.”

15 Tumuli sakehe wong lanang kang padha ngreti manawa bojone padha sesaji kurban marang allah liyane, lan sakehe wong wadon kang padha ana ing kana, wong akeh banget, yaiku rakyat kang manggon ana ing tanah Mesir lan ing Patros, padha mangsuli, tembunge:

16 “Menggah punapa ingkang panjenengan ngandikakaken atas asmanipun Gusti Allah punika, kula boten badhe mirengaken dhateng panjenengan,

17 nanging kula sami badhe nglajengaken nindakaken punapa ingkang sampun kula ucapaken, inggih punika sesaji kurban dhateng raja putri ing langit lan ngaturaken kurban unjuk-unjukan dhateng panjenenganipun, kados ingkang sampun sami kula lampahi, kula piyambak lan leluhur kula, punapadene para ratu saha pengageng kula ing kitha-kithanipun Yehuda lan ing lurung-lurungipun Yerusalem. Nalika samanten kula sami gadhah tetedhan cekap, kula sami rumaos begja lan boten ngalami karibedan.

18 Nanging wiwit kula sami nyampuni anggen kula sesaji kurban lan ngaturaken kurban unjuk-unjukan dhateng raja putri ing langit, kula sami kekirangan samukawis lan sami kasirnakaken dening pedhang tuwin kaliren.”

19 Para wong wadon mau padha numpangi: “Manawi kula sesaji kurban lan ngaturaken kurban unjuk-unjukan dhateng raja putri ing langit punika, punapa boten kanthi kasumerepan dening semah kula, ugi anggen kula sami damel tetedhan atur-atur ngemba recanipun lan ngaturaken kurban unjuk-unjukan dhumateng panjenenganipun punika?”