Yeremia 44:2-8 JAV

2 “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Sira wus padha ngalami sakehing bilai kang wus Sundhawahake marang Yerusalem, lan sakehing kuthane Yehuda. Lah iku kabeh saiki wus dadi jugrugan lan wus ora ana wong siji-sijia kang manggon ana ing kono.

3 Iku jalarane marga saka piala kang wus dilakoni, kang nuwuhake gerahing panggalihingSun, yaiku anggone sesaji kurban lan ngabekti marang allah liyane, kang ora disumurupi dhewe, sira dhewe utawa leluhurira.

4 Ingsun ora kendhat-kendhat wus ngutus para abdiningSun, para nabi, kanthi piweling: Poma aja nindakake kanisthan kang Sunsengiti iku!

5 Nanging ora padha ngrungokake lan ora ngestokake sarta ora banjur ninggal pialane lan ora sesaji kurban maneh marang allah liyane.

6 Mulane mulad-mulading bebendu lan dedukaningSun wus kaesokake lan mbesmi kutha-kuthane Yehuda lan lurung-lurunge Yerusalem, temah dadi jugrugan lan samun kaya kaanane ing wektu iki.

7 Saikine, mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: “Yagene sira nekakake bilai gedhe marang awakira dhewe? Sira arep numpes para wong lanang, wong wadon, bocah-bocah lan bayining wong Yehuda, nganti ora ana kekarene apa-apa.

8 Yagene sira nuwuhake gerahing panggalihingSun kalawan penggawening tanganira, yaiku sesaji kurban marang allah liyane ing tanah Mesir, kang sira parani amarga sumedya manggon ana ing kono dadi wong neneka? Kena apa sira arep dadi ipat-ipat lan cecampahan ana ing satengahing sakehe bangsa ing bumi?