Yeremia 44:21-27 JAV

21 “Malah iya kurban kang kokobong dhewe ana ing kutha-kuthaning Yehuda lan ing lurung-lurunge Yerusalem lan diobong dening para leluhurmu, para ratumu, para panggedhemu lan rakyat ing nagara, apa dudu iku kang diengeti lan digalih dening Sang Yehuwah?

22 Sang Yehuwah wus ora tahan maneh mirsani polah-tingkahmu kang ala lan kanisthan kang padha koklakoni, mulane nagaramu wis dadi jugrugan, pagiris lan ipat-ipat sarta ora ana kang ngenggoni kayadene kang wus kelakon saiki iki.

23 Kowe wis padha sesaji kurban lan wis padha nglakoni dosa ana ing ngarsane Sang Yehuwah, padha ora ngrungokake pangandikane Sang Yehuwah lan ora manut marang Torete, pranatane lan tatanane, yaiku jalarane kowe banjur padha ketaman ing bilai kayadene kang wus kelakon saiki iki.”

24 Nabi Yeremia nuli ngandika marang rakyat kabeh dalah sakehe wong wadon iku: “Padha rungokna pangandikane Sang Yehuwah, he para wong Yehuda, kang ana ing tanah Mesir.

25 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Sira, para wong lanang lan bojonira! Sira wus padha ngleksanani apa kang dadi ujarira, yaiku: aku bakal padha netepi temenan, nadar kang wus daklairake, sumedya sesaji kurban lan ngaturake kurban unjuk-unjukan marang raja putri ing langit. Iya becik! Wujudna lan luwarana nadarira temenan!

26 He wong Yehuda kang manggon ana ing tanah Mesir, padha ngrungokna pangandikane Sang Yehuwah. Lah, Ingsun wus supaos, demi asmaningSun kang agung, -- pangandikane Sang Yehuwah -- manawa asmaningSun ora bakal disebut dening sawiji-wijining wong Yehuda ana ing saindenging tanah Mesir, kalawan ngucapake: Demi Gusti Allah kang gesang!

27 Lan Ingsun njaga murih cilakane lan ora murih begjane; sadhengah wong Yehuda kang ana ing tanah Mesir, bakal tiwas dening pedhang lan kaliren, nganti satapise.